RSS

Kuliner khas Kota Malang

Filed Under: Labels:
(dikutip dari AREMA Club (Pencinta Malang dan Boso Walikan) )

Rulud-rulud sedanten, iki loh kerr naskiman licek alias makanan ringan sing nayamul kane, lan gampang di goleki lek uklam-uklam ndek NGALAM lan sekitarnya

- CILOK DAGING alias oskab licek-licek
Ngalam pancen surgane cilok, moso hampir di pinggir dalan mesti ono wong dodolan cilok. Pinggir kampus, halokes, lapangan wes eperiwhere laah. Cilok sing nayamul terkenal ono ndek ngarepe SMA 8 jalan veteran, jembatan Su-Hat, ndek UM jalan jombang. Cuman lek nakam cilok ati2 ojo kakean saus yo kerr...pengawet karo pewarna'e

- TEMPURA en prenss..
Odop karo Cilok, iki ngono yo panganan rakyat, regone amil sutar'an per biji. Bentuke macem-macem, rasane aneh-aneh tapi kane. He2..Masiyo kane yo ojo akeh2 yo kerr...mules engko..Iki ngono yo rulud'e cilok dadi osi di temokno ndek endi2

- GORENGAN
Lek sing jenenge gorengan iku mesti dadi paporit ndek endi2, gak cmn dek NGALAM. Opo maneh lek di gandengno karo teh sinam or ipok sanap di minum pas najuh...Wuiiikkk Mak nyuussss jeeeehhh....jare Ebes Bondan he2..
Gorengan sing umum ndek ngalam ono aud kategori sing enteng lan rodo antebb. Sing enteng koyo ngadeg ngerog, nukus, olet, senjem, weci, cakue. Rodo angel goleki sing terkenal salah sijine yo ndek daerah sawahan.
Gorengan sing rodo antebb koyo: Lumpia, piscok (pisang coklat), martabak licek, resoles lan ngerog. Qeqeqe..lek sing terakhir iku kadit kusam kerr..iku ngono cemilane admin. Lumpia sing nayamul terkenal ndek ngalam yo Lumpia Tugu Sulfat, Martabak Agung Malvinas.

- BAKSO alias OSKAB
Ngalam iku pancen jagoan ndek jenis naskiman utas iki.Oskab-oskab terkenal nasional roto-roto yo oket Ngalam. Sebut ae OSKAB KOTA cak MAN, OSKAB MALANG Cak Eko, OSKAB SOLO KIDUL RASAP, OSKAB RAKAB ABM...Wuiiikkk...kanyab ilakes. Ojo disebut akeh2 kerr..nggarai ngiler engko..he2..
Sik-sik oskab iku cemilan opo naskiman kelas berat siihh...he2..ngungib admine..

- RUJAK alias KAJUR
Kajur yo ono aud jenise nawak. KAJUR SINAM sing isine haub ewag bumbu gulo abang plus kacang sing sedep-sinam. Kajur Sinam sing terkenal ndek ngalam yo ndek jalan Semeru iku cedeke Lapangan Gayana. Kajur jenis liyane yo iku-KAJUR ULEG alias RUJAK CINGUR. Lek urusan Kajur Cingur jagoane admin yo ndek Nenjap kerr, Kajur Cingur Bu Dhe Ruk, kajur legendaris'e nenjap. Panggonane ndelik tapi sik di goleki uwong, maklum ae wong ono mulai nuhat 1960. Wuiikk...Luawaaass puool. Ayas durung lahir iku jehh...Sampe Gange jenenge Gang Rujak.he2..

Weess Cekap semanten rulud..Nggarai luwe ae..Lek nawak-nawak ono panggonan sing kipa monggo di hambat no.

Talames hunting naskiman nawak.

Daftar KIWALANOLOGI (Kosakata Boso Walikan)
- naskiman: panganan, makanan
- rulud: dulur, dherek, saudara
- nayamul: lumayan
- licek-licek: kecil-kecil
- ngalam: malang, sebutan untuk Kota Malang
- uklam-uklam: mlaku-mlaku (jalan-jalan)
- ebes: Bapak
- oskab: bakso
- najuh: udan, hujan
- kanyab ilakes: banyak sekali
- hambat: tambah
- ewag: gawe, pakai
- haub : buah
- rasap: pasar
- sinam: manis
- ipok: kopi
- ngungib: bingung
- oges ngerog: sego goreng, kadang juga disebut isan ngerog
- senjem: menjes, salah satu jenis tempe
- utas: satu
- aud: dua
- amil sutar: lima ratus, gopek


0 Responses to "Kuliner khas Kota Malang"

Post a Comment